Cerita Rakyat Jaka
Tarub dalam Bahasa Jawa
Wonten
ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan
putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun
inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron
pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha
kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos
kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos
pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub
menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten ing
kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka
Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados
adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup.
Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal
punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun
Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal punapa kemawon sato kewan.
Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken
lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos
dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub
kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget
lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi
kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin
ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub
madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka
Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten
suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing
sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala
wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah
pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal
lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun
tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari
menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan
kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten ing satunggaling dinten Nawang
Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih,
amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub
kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka
Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka
Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget
menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon.
Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan
adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari
adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun
telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing
satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun
manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa,
piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun
dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng
ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan
Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten
bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan
boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan
manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados
manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara
kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi
Roro Kidul.
=================================================================
No comments:
Post a Comment