Dongeng Keong Mas dalam Bahasa
Jawa
Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami
mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga
ketula-tula.
Ora beda mbok Randha
Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe
sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing
sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya
nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula
mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk
mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya
cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa
kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng
dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali.
Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.
Kaya
biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk
krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise
leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias
ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing
pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina
sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi
sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok
Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong
malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu
kuwi.
“Nduk
wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong
Mas ?”
“Yung
aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok
nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi
Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin
Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin.
Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang
kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane
ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan
Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu
nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Casino - CasinoCyclopedia
ReplyDeleteFind the 안산 출장안마 best casino near 순천 출장안마 me, and see what your friends 서산 출장안마 are saying. CasinoCyclopedia is the complete internet portal 충청북도 출장마사지 for 아산 출장샵 all your information.